''tresno"
Pepaese dunyo kebak godho Lan roso Tresno sejati akeh kang muspro Lir maruto ing Lingsir wengi Gegayuhan langgeng jegeg Anteng mantheng sepaneng Tresno suci kang lewat lathi Amung ambyur dadi sepi Tresno kang lewat mata Tatas pungkas sirna Tresno kang anggadang Banda Ilang muspro tanpa sisa Tresno pungkas ROSO Ora cidra ora semaya Ora tandas ora pungkas Ora welas tapi ikhlas Ora lepas tapi nglepas Tresno sejati gumantunge roso Marang Gusti kang murbeng dumadi Tansah lilo Legawa Tansah tebih ajrih Tebih pamrih Lir upomo abdi tunduk Maring Gusti Mergo Ra Ono tresno sejati e tresno Kajaba Gusti Alloh kang moho suci Kang lekat cekat Ono akal LAN ati.