''tresno"
Pepaese dunyo kebak godho Lan roso
Tresno sejati akeh kang muspro
Lir maruto ing Lingsir wengi
Gegayuhan langgeng jegeg
Anteng mantheng sepaneng
Tresno suci kang lewat lathi
Amung ambyur dadi sepi
Tresno kang lewat mata
Tatas pungkas sirna
Tresno kang anggadang Banda
Ilang muspro tanpa sisa
Tresno pungkas ROSO
Ora cidra ora semaya
Ora tandas ora pungkas
Ora welas tapi ikhlas
Ora lepas tapi nglepas
Tresno sejati gumantunge roso
Marang Gusti kang murbeng dumadi
Tansah lilo Legawa
Tansah tebih ajrih
Tebih pamrih
Lir upomo abdi tunduk Maring Gusti
Mergo Ra Ono tresno sejati e tresno
Kajaba Gusti Alloh kang moho suci
Kang lekat cekat Ono akal LAN ati.
Komentar
Posting Komentar